Contoh PRANATACARA KESRIPAHAN
Contoh PRANATACARA KESRIPAHAN Assalamu’alaikum Wr. Wb. Innalillahi wa innaillaihi roji’un. Wonten pangarsanipun para sesepuh dalah pinisepuh ingkang tansah kawula hormati. Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang tansah sinudarsana saha pangersa wilayah dusun Sido Maju ingkang tansah kawula hormati, khususipun kunjuk dhumateng ngersa Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan saha kanikmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal manunggal wonten ing papan menika. Para bapak, para ibu Mauziah Mauziin ingkang minulya, keparenga minangkani pamundhuting kaluwarga panandang musibah, kinen hangaturaken rerantamaning acara pametahing layon ing karenggan menika. Rehne handungkap titi wanci, tumunten badhe kula aturaken menggah laksitaning acara pakurmatan layon 1. Acara ingkang sepisan inggih menika pambuka 2. Atur panuwun saking kaluwarga panandang musibah 3. Atur bela sungkawa saking wakil...
Komentar
Posting Komentar