Contoh PRANATACARA KESRIPAHAN



Contoh PRANATACARA KESRIPAHAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Innalillahi wa innaillaihi roji’un.

  Wonten pangarsanipun para sesepuh dalah pinisepuh ingkang tansah kawula hormati. Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang tansah sinudarsana saha pangersa wilayah dusun Sido Maju ingkang tansah kawula hormati, khususipun kunjuk dhumateng ngersa Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan saha kanikmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal manunggal wonten ing papan menika. Para bapak, para ibu Mauziah Mauziin ingkang minulya, keparenga minangkani pamundhuting kaluwarga panandang musibah, kinen hangaturaken rerantamaning acara pametahing layon ing karenggan menika.

 Rehne handungkap titi wanci, tumunten badhe kula aturaken menggah laksitaning acara pakurmatan layon
1. Acara ingkang sepisan inggih menika pambuka
2. Atur panuwun saking kaluwarga panandang musibah
3. Atur bela sungkawa saking wakil para pelayat
4. Atur bela sungkawa saking mitra makarya
5. Atur panglipur
6. Kalajengaken pambidhaling layon kanthi adat idiwilana ingkang sampun lumampah ing padesan saha katutup donga pambidhaling layon saking Bapak Kujang.


Mekaten menggah reroncening acara pametahing layon wonten ing wekdal menika. Sumangga kula lan panjenengan sedaya miwiti acara menika kanthi waosan bassmallah sesarengan kawula dherekaken. Matur nuwun, acara ingkang sepisan sampun kalampah. Dungkap acara ingkang angka kalih inggih menika atur panuwun saking kaluwarga panandang musibah. Dhumateng Ibu Suparni sumangga.

Ngancik acara ingkang angka tiga inggih menika atur bela sungkawa saking sesulihipun para pelayat. Wonten ing ngriki kawula suwunaken saking Ibu Sugamyi. Dhumateng Ibu Sugamyi sumangga.

Menggah acara salajengipun inggih menika atur bela sungkawa saking mitra makarya. Ingkang sepisan kawula suwuaken saking Ibu Darsini. Dhumateng Ibu Darsini sumangga

Kalajengaken atur bela sungkawa ingkang angka kalih, wonten ing ngriki kawula suwunaken saking Ibu Supi. Dhumateng Ibu Supi, sumangga.

Cetha terwaca atur pambela sungkawa mugi dadosna kasobaran kaluwarga karana Allah. Acara salajengipun inggih menika atur panglipur. Wonten ing ngriki badhe dipun salirani dening Ibu Janti. Dhumateng Ibu Janti sumangga.

Matur nuwun dhumateng Ibu Janti ingkang sampun paring atur panglipur. Kalajengaken pamberangkating layon tumujweng sasana laya. Dhumateng para kadang dipun mapanaken. Mekaten menggah mauziah mauziin sedaya. Kula minangkani handerekaken lumampahing acara pametahing layon wonten tumpang sih anggenipun kawula matur, nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wasana kawula akhiri, Wassalamu’alaikum Wr , Wb

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel